Kreatifitas
Javanese

Kreatifitas

by

language learning
daily life

Wengi iki aku nggoleki artine sawetara kosakata Jawa sing sakdurunge tak cathet. Salah sijine “sing mbaureksa”. Artine roh sing njaga omah, wit, utawa sing liya. Aku mlebokno istilah iki nang Google, lan sing aneh, link kanggo Lingq muncul. Lingq iku website terkenal kanggo sinau basa asing, tapi aku wis ngerti yen basa Jawa gak tersedia blas nang website iku.

Aku penasaran lan klik link iku. Koyoke ono wong sing gawe bagian basa Kanton, tapi kanggo sinau basa Jawa. Aku nyoba mlebokno kosakata dhasar koyok mbakyu, mbah, lan liya-liyane, lan kerep ono terjemahan sing muncul. Teruse aku nyoba sing padha tapi nang bagian basa Spanyol. Ora diterjemahno blas. Dadine, koyoke ono sing rada kreatif lan sinau basa Jawa nang Lingq masiyo sakbenere ora tersedia wkwk.

Headline image by tengyart on Unsplash

1