Critane kucing pinter 5
Javanese

Critane kucing pinter 5

by

fiction
creativity

(Wiwitane)

Sakwise kabeh manungsa ning omah keturon ning wayah wengi, aku iso gawe komputere kanggo ngomong karo kancaku. Jenenge Sekar, lan dheke kucing kembang telon saka pulau Jawa. Manungsane Sekar ora tau mateni komputere sakdurunge budhal kerjo, dadine kancaku bebas gawe Skype kanggo ngomong karo aku.

Sekar tau ngandhani aku bab jinis panganan sing disebut sego kucing. “Medeni banget!” jareku. Aku wedi ono sing bakal mangan kancaku!

Nanging kancaku ngguyu aku! Dheke ngandharake jenenge pangangan iku mung nggambarake ukuran porsi sego. Untunge ning isine ora ono daging kucing! Wah, aku isin!! Seenggake Sekar aman!

—Mack

Tembung anyar:

nggeguyu (guyu): menertawakan

2