Kabar progresku
Javanese

Kabar progresku

by

language learning

Aku seneng banget ndek ingi! Mbuh piye, aku iso mbahas asuransi medis ambek guruku pas melu kelas basa Jawa. Koyo-koyo masio jumlah kosakataku sek sithik, aku iso nemokake carane nggambarake sithik bab piye sistem asuransi medis ning Amerika.

Sawise kelas awake dhewe, aku ngrungokake crita basa Jawa ning Youtube. Aku wis langganan telu utawa patang channel sing kerep upload video ambek crita basa Jawa. Wong sing nduwe channel iku padha macakake crita saka sumber koyok Panjebar Semangat.

Aku ngrungokake crita sing judule Diajak Dolanan Lelembut. Aku kaget soale kurang luwih iso ngerti critane. Nanging, ono akeh tembung sing wis tak sinauni. Aku sek kerep ora ngerti film ambek guneman nyata. Mendhing aku ora dadi geer, soale sek ono akeh sing kudu disinauni!

Headline image by darbylee12 on Unsplash

1