Critane kucing pinter 4
Javanese

Critane kucing pinter 4

by

health
animals
pets
cats

(Wiwitane)

ADUH! Sakwise kedadean dina iki, aku kesel banget!

Akhir minggu iki, aku mules ambek lara weteng. Aku ora pengen mangan, dadine manungsaku dadi kawatir.

Esuk iki, pas aku ngaso, manungsaku cepet-cepet nglebokake aku nang jero kothak cilik! Manungsa lak kasar banget seh! Terus, dheke nggawa aku nang dokter kewan!

Dulurku tansah wedi pas ngenteni dokter kewan...malah aku nesu! Masiyo wetengku sek lara, aku tambah nesu pas ngenteni dokter kewan. Sakwise dokter kewan mlebu nang kamare, dheke nyoba mriksa awakku. Kasar yo, dokter kewan iku!

Aku ngeses tapi dheke durung wedi, dadi aku nyoba nyokot ambek nyakar dheke! Waduh, tibane dheke pinter banget! Dheke iso nyingkirno cakar ambek untuku!

Pungkasane dokter kewane sing menang. Aku ngidinno dheke mriksa ambek ngobati aku. Sakwise balik nang omah, aku sek nesu marang manungsaku, tapi dheke ngerti carane nyenengake aku. Dheke ngekeki cemilan marang aku ambek dolan karo aku.

Seenggake saiki aku ngrasa luwih sehat! Aku ora lara weteng maneh! Mbok menawa dokter kewan iku ora semana elek. Tapi aku sek ora percoyo karo dheke!

—Mack

Tembung anyar:

ngeses (keses): mendesis

nyakar (cakar): mencakar

nyingkirake (singkir): menyingkirkan

untu (N), waos (K), waja (KI): gigi

ngidinake: mengizinkan

1