Kucing candramawa
Javanese

Kucing candramawa

by

fiction
language learning
daily life

Awan iki aku ngrungokake crita sing judule Kucing. Aku tertarik karo crita iki soale aku seneng karo crita bab kewan. Sayange aku mung iso ngerti sithik. Mbok menawa ono kedaden sing salah tak ngerteni, nanging umume iki alur critane:

Ono kucing tekan omahe wong lanang lan kulawargane. Wonge ora seneng karo adane kucing iku, dadine dheke lan bojone mutus kanggo mbuwang kucinge ning panggonan sing adoh. Nanging sakwise iku, tibane ono akeh tikus sing dumadakan mulai mlebu omahe kulawarga iku. Pungkasane wong lanange kudu nyang pasar kanggo nggoleki kucing sing iso mburu tikuse. Dheke pengen tuku kucing candramawa, nanging bakul mung ngedol kucing ras, koyok kucing anggora lan persia.

Aku ora eling bagian akhir critane. Mbok menawa nasib wonge dadi elek soale dheke mbuwang kucinge. Mbok menawa tikus padha dadi dhayoh permanen ning omahe! Nganti aku ngrungokake crita iki, aku durung ngerti opo iku kucing candramawa. Warna wulune kucing candramawa ireng lan putih, lan jarene kucing koyok ngene kuwawa banget mburu tikus.

Headline image by andreaelphotography on Unsplash

1