Omben anget
Javanese

Omben anget

by

daily life

Akhir-akhir iki aku kerep ngombe teh anget, soale hawane adhem wayah iki. Sakliyane iku, pas aku pilek, aku ngombe teh anget ben aku ora kerep watuk. Saiki teh kesenenganku iku teh ireng. Aku seneng nambahi madu karo nglebokake irisan jeruk lemon nang tehku. Aku tansah ngadhuke ben rasane dadi luwih enak.

Sakjane saiki awake dhewe nduwe akeh teh. Ibuku seneng ngombe teh ijo. Awake dhewe uga nduwe sere garing sing iso digae dadi teh. Tapi sakliyane ngombe teh, aku seneng ngopi. Aku kerep nyampuri susu karo gula nang kopiku, tapi kadhang-kadheng aku ngombe kopi tapi gak gae gula.

Neng kene pas musim adhem, coklat panas iku ombenan populer, tapi sakjane aku ora kerep ngombe iku. Aku luwih seneng mangan coklat wkwk.

Tembung anyar: ☕

nglebokake (lebu): memasukkan

irisan = irisan

ngadhuk (adhuk): mengaduk

nyampuri (campur): mencampuri

sere: sereh

Headline image by joannakosinska on Unsplash

1